23 Mei 2012

Ndeprok nang Senthong Banjur Kalebon Indhang



Winginane Inyong lagi ndeprok nang Perpus, ujug-ujug dikapruki buku Ronggeng Dukuh Paruk karangane Pak Ahmad Tohari. Inyong ya nyilih banjur tak waca nang senthong. Goli maca kabat keliwat tapi ana bagean sing nancep pisan nang ati. Ya kaya kiye dadi banjur daktulisna. Mangga diwaca ya...

Ana kidung rumeksa ing wengi 
Teguh ayu luputa ing lara 
Luputa bilahi kabeh 
Jin setan datan purun 
Paneluhan datan ana wani 
Miwah penggawe ala 
Gunaning wong luput 
Geni atemahan tirta 
Maling adoh tan ana ngarah mring mami 
Guna duduk pan sirna

(Tembang Asmarandana)


 Sebab umure Inyong sing esih enom, Inyong urung teyeng mahami tatu sing gawe lara neng atine Inyong dhewek. Mikine inyong mung ngrasa susah, kepengin pungkas. seteruse, nuruti wulangane wong Jawa, Inyong nganggep kabehkesusahan urip kuwe wis dadi pesthi sing kudu delakoni. Mula jane Inyong mung nrima baen. Sajrone urip, wong kudu nrima pandum, rila nampa maring pesthi, sing manis utawa sing pahit.




Ning malah jane Inyong dhewek ora krasa ana perkara sing wis nlusup maring ati. Perkara kuwe kaya winih sing arep thukul. Inyong gumun bareng ngreti ana wong lanang wateke beda. Rupane ya wong kuwe, Wong kuwe giras kaya cempe lanang. Ora tau ngemis-ngemis ora tau ngasih-asih. Paslirane genah. Malah kayong mandan angkuh. Wong kuwe gelem aweh sebab Inyong gelem njaluk. Goli dadi wong lanang wateke wong kuwe genah. Dhewekw pancen esih enom. Ning tumrape Inyong, wong kuwe keton kaya wit gedhe sing keton njagrag, teyeng aweh adhem-adhem maring wong sing kepengen ngaub. 



Sameno Inyong goli nggumuni wong kuwe. Wong kuwe ya ora liya wong sing kawit umurku sewelas wis dadi kancaku sekelas. Ning nyatane wong kuwe wis gawe lara maring atine Inyong. Dadi padha karo wong lanang liyane, wong kuwe melu gawe lara melu gawe keciwa maring atine Inyong. Kiye marekna Inyong nganggep kabeh wong lanang padha baen goli madhehi. Angger pancen kaya kuwe Inyong dadi kepengin males maring wong lanang sanajan mbuh kepriwe carane.


Li lali ra bisa lali 
Tek lipur ora sengsaya
Keton baen sepolahe
Kancil desa dawa tlingan
Inyong melu karo rika
Lebu seta sari gadhung 
Becik mati angger kapiran


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sila tinggalkan jejak di sini. Cuap-cuap asal gak mengandung SARA juga diperbolehkan.

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...